MAKALAH MUNGGAH MOLO UTAWA MUNGGAH WUNGWUNGAN



MUNGGAH MOLO
UTAWA
MUNGGAH WUNGWUNGAN




Disusun Oleh :

1.     Ari Salsabila K.
2.     Devi Mayang Sari
3.     Restu Sulistya N.
4.     Tucha Nurocha
5.     Ulfi Yuliatika P.

Kelas : XI Farmasi II

SMK AL MANAAR PEMALANG
Jl. Markisa Nomor 2 Kebondalem Pemalang
2016/2017


BAB I
PAMBUKA

“Munggah molo/wuwungan” Munggah molo/wuwungan iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake bubar molo/wuwungan  diadhek'ake neng proses mbangun umah. Istilah munggah molo/wuwungan iki kadhang diarani munggah gendeng. Upacara iki diselenggara'ake wektu rangka molo/wuwungan wis dadi ning gendeng urung dipasang. Upacara adat iki uga dikenal neng dhaerah-dhaerah liya neng Nusantara.
Upacara iki sejatine upacara kanggo syukuran merga seneng umah sing dibangun wis nduwe wuwungan dadi sedela maneh wis isa dipanggoni lan ora bakalan kudhanan lan kepanasan. Puncak acarane yaiku kendhuren, utamane kanggo tukang-tukang sing mbangun umah lan tangga-tangga cedhak umah sing dibangun.
Acara ditutup karo ndonga bareng sing dipimpin ulama. Biasane acara kendhuren munggah molo/wuwungan iki diselenggara'ake awan utawa bubar sholat  dhuhur, dadi seliyane kanggo mangan awan tukang-tukange uga jamaah lan ulama sing metu saka masjid utawa langgar isa langsung melu lan baline nggawa tentengan berkat. Sesajen iki disiapake kanggo digantung neng salah siji kayu neng wuwungan. Sing ora digantung mung bendhera abang putih sing dipasang nganggo galah sing dawane sedeng (ora patiya dawa), sing isa katon saka omah tangga-tanggane.
Sesajen sing kudhu disiapake: Gedhang setandan Tebu ireng sewit Pari secukupe Kelapa seiji, bendera merah putih, janur, koin, dada pasar (jajanan pasar), pakaian keluarga, tebu, macam-macam minuman, keding, pakumas, kayu salam, paku, sego golong, pari, payung, kelapa, baskom, ayam panggang, uwat-uwat.



BAB II
ISI

A.    WAWANCARA
Nara Sumber        : Ibu Indah
TTL                      : Pemalang, 20 November 1970
Hobi                     : Masak

B.     PELAKSANAAN MOLO/WUWUNGAN
Hari                      : Jum’at
Tanggal                : 13 Januari 2017
Alamat                 : Pekunden, Teng Daleme Ibu Indah
Hal                       : Wawancara

C.    DOKUMENTASI

 
   






BAB III
PANUTUP

A.    SIMPULAN
Munggah molo utawa wuwungan iku upacara adat sing diadhek'ake neng proses mbangun umah. Istilah munggah molo/wuwungan iki kadhang diarani munggah gendeng. Upacara iki diselenggara'ake wektu rangka molo/wuwungan wis dadi ning gendeng urung dipasang. Upacara iki sejatine upacara kanggo syukuran.

B.     TANGGAPAN
Tanggapan : Munggah molo/wuwungan iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake bubar molo/wuwungan  diadhek'ake neng proses mbangun umah. Tradisi iki kudu dilestarike mergo iki adat jawa awit mbien nganti saiki.

C.    SARAN
Saran : Tradisi Munggah molo/wuwungan ora ana neng agama, tapi ono apike mergo saderek sedoyo iso bersyukur kang nikmat Allah SWT.

D.    MANFAAT
Manfaat : Tradisi Munggah molo/wuwungan iki di titene kanggo keslametan sing nduwe umah.

E.     PENGARUH
·      Kangge Masyarakat : Munggah Molo utawa Wuwungan iku kangge nyatuaken lan bebarengan utawa kekompakan.
·      Kangge Agama : Munggah Molo utawa Wuwungan neng agama iku ngingetke dewe dadi menungso kudu mensyukuri nikmat sing di kei saking Gusti Allah SWT.
·      Kangge kalangan kelompok : Munggah Molo utawa Wuwungan iku kangge nambah pengetahuan lan kebudayan jawi.
MAKALAH MUNGGAH MOLO UTAWA MUNGGAH WUNGWUNGAN MAKALAH MUNGGAH MOLO  UTAWA  MUNGGAH WUNGWUNGAN Reviewed by bisnisrumahq.blogspot.com on Friday, January 13, 2017 Rating: 5

1 comment:

Powered by Blogger.