GEGURITAN “KATRESNAN BAPAK LAN IBU”

GEGURITAN

KATRESNAN BAPAK LAN IBU”
By  : Kurniawan Eka Prasetyo




Bapak, Ibu..                                                               
            
Pangorbananmu,                                               
Ora luntur kairing lakune wektu
Katresnanmu,
Awujud cahyaning lintang rembulan ing langit

Nalika ana tumindakku kang salah
Panjenengan tansah paring pangemut
Supaya uripku iku bener
Supaya bisa dadi tuladha becik lan bisa dianut

Tanpa bapak ibu aku ora bias laih ing dunia iki
Namung donga lan donga...
Nanging.....mboten cekap nglunasi
Sekabehane kasih sayang ingkang
kulo pikantuk saking Bapak ibu.......

Tapi..
Aku tansah nyuwun pangestu
Supaya bisa mbales budi mring sliramu


Matur nuwun Bapak Ibu
GEGURITAN “KATRESNAN BAPAK LAN IBU” GEGURITAN  “KATRESNAN BAPAK LAN IBU” Reviewed by bisnisrumahq.blogspot.com on Friday, January 13, 2017 Rating: 5

No comments:

Powered by Blogger.