Percuma Ngancani Nek Gak SeAti - Resty Reynida - KALAH - AH AH AH AH




Download MP3
Download MP4

Lirik Lagu Percuma Ngancani Nek Gak SeAti - Resty Reynida - KALAH - AH AH AH AH

Apa ora kelingan

Wingi nggenggem tanganku

Curhat tentang mantanmu

Ning saiki malah ninggal aku

 

Aku pamit Sayangku

Tak culne genggamanku

Matur suwun uwis mayungi derese udanku

Lan ngancani kesepianku wingi

 

Terus nggo ngapa aku ngancani

Selama iki

Yen akhire kowe mileh

Bali ning mantanmu

 

Seka mangan nganti nurut dawane dalan

Tak turuti berharap isa nduweni

Wis tak korbanke wektuku

Iseh wae kalah karo mantanmu

 

Sakgedhene rasa lan usahamu nggo aku

Ra isa ngganteni dhekne ning atiku

Ngapurane Sayangku

Sing menang  tetep masa laluku

 

Tak akoni sikapku wingi mung ngapusi

Seolah mencintaimu

Sakgedhene langit aku sing kleru

Ngartekke sikapmu

 

Kudune awakku sing dadi pilihanmu

Ngapa kudu masa lalumu

Tak akoni kekalahanku

Tak pikir wektu sing wis awak dhewe entekne

Tandha yen awakmu nrima perasaanku

Ngapurane Sayangku

Sing menang tetep masa laluku

Aku ngerti Sayangku

Sing menang tetep masa lalumu


Percuma Ngancani Nek Gak SeAti - Resty Reynida - KALAH - AH AH AH AH Percuma Ngancani Nek Gak SeAti - Resty Reynida - KALAH - AH AH AH AH Reviewed by bisnisrumahq.blogspot.com on Friday, May 24, 2024 Rating: 5

No comments:

Powered by Blogger.